Jumat, 16 Januari 2015

Cita Citaku Pingin Dadi Guru Udu Dadi Babu

Bella Victoria Azzahra
8 January at 10:31 ·
Hongkong, 8 Januari 2015

Cita citaku menjadi Guru Bukan Babu

Tak critani yo co konco;)* nganggo boso jowo,Amargo aku lahir ing salah sawijing deso, ing Tlalah Purworejo tanah jawa dwipa.

Ing salah sawijing dino naliko jih SD nate didangu kaleh ibu guru ,Mbesuk gede mau dadi opo? Aku jih eling biyen naliko semono aku jawab dados bu guru bu.
Nanging mergo kahanan seng ora mungkinke aku nggayuh pepenginku ,tak niati tak tekadi uga nglawan kekarepane atiku mungsuh roso tegoku ninggalake wong kang tansah tak tresnoni gandulaning atiku iyo iku emakku, Aku budal makaryo metu soko deso lungo ngawulo ing negoro liyo.Nadyan aku ora ke tekan nggayuh cita citaku pingin dadi Guru udu Babu, aku ora cilik ati.Ing saksuwene aku nguli ning luar negeri tak sempetke sinau masio mlebu university belajar lewat YouTube utowo moco buku seng iso diwoco freee.

Saiki opo sing aku iso tak tularke marang konco konco sing pingin maju. Bungah roso atiku yen nyawang konco konco seperjuangan iso nggunake manfaatke waktu kanggo nganggsu nggolek ilmu blajar ketrampilan lan sak panunggale.

Mung siji welingku,Masio dadi wong cilik nanging ojo nduweni ati cilik.

Bravoooo semangat pagiii

Tidak ada komentar:

Posting Komentar